Rabu, 04 Maret 2015

CONTOH SAMBUTAN



Assalamu’alaikum Ww.Wb.
Alhamdullilahrobbil alamin  wabihi nasta’inu ala umuridunnya wadin washolatu wasalam muala asrofil ambiyai wa mursalin sayidina wamaulana muhammadin waala alihi washobihi  ajmain ama ba’du.
Jamaah Masjid Ainul Hikmah Ingkang tansah kulo hormati
Mangga kito tansah ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun pareng rahmat hidayah soho inayahipun sahengga wonten ing ndalu puniko kito tasih kaparingan kesehatan nikmat iman soho islam.
Shalawat sarta salam katetepno dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, ingkang tansah kito antu antu syafaatipun mbenjing wonten ing yaumul kiyamah .
Allahuma Amin…….

Jamaah rokhimakumulloh ingkang kulo hurmati
Kulo minongko talanging atur saking  panitia ramadhan 1430 H, ingkang sepindah ngaturaken agunging matur nuwun dumateng bapak bapak, ibu ibu, rencang rencang remaja, adik adik TPA, pengurus takmir masjid ainul hikmah soho lembaga utawi instansi wonten ing padukuhan warak, ingkang sampun ambyantu sedoyonipun ingkang dipun betahaken panitia, ing salebeting wulan ramadhan menika ngantos dumuginipun syawalan samangkeh. Mugi mugi amal kesaenan kulo panjengan sami ketampi wonten ngarso dalem Allah SWT. Allahuma…Amin.

Ingkang kaping kaleh kulo minongko perwakilan saking panitia lan remaja islam warak nyuwun pangapunten dumateng bapak bapak ibu ibu adik adik TPA, pengurus takmir masjid Ainul Hikmah, pengurus pengajian bapak bapak kaliyan Ibu ibu soho sedoyo kemawon ingkang  mboten saget kulo sebat satunggal mboko satunggal. Mbok bilih setunggal tahun meniko katah klenta klentu anggenipun mbetahaken kegiatan wonten ing masjid ainul hikmah warak.

Inkang kaping tigo inggih meniko pangumuman, pengumuman kulo tujuaken dhumateng bapak bapak ibuk ibuk ingkang nggadahi putro, kasuwun dipun aturi tindak wonten ing masjid ainul hikmah benjang sonten jam sekawan inggih angawontenaken pengajian anak anak utawi takjilan. Saklajengipun dhumateng bapak ibuk lan remaja ingkang bade maos al quran utawi tadarus kasuwun samangkeh ba’da shalat tarawih sakmeniko saget makempal sareng sareng wonten ing masjid ainul hikmah.
Pengumuman ingkang saklajengipun inggih meniko ingkang bade maringi pengaosan subuh kangge benjang enjang inggih meniko bpk. Sunaryo lan ingkang bade maringi pengaosan ba’da shalat isya benjang dhalu inggih meniko bpk. Basuki. Lan samangkeh pengaosan utawi sambutan bade dipun paringi takmir masjid ainul hikmah inggih meniko bapak basuki.
Ingkang pungkasan atur mugo sesami nyenyuwun dhumateng Allah SWT, mugi mugi siam wonten ing tahun meniko saget lancer lir ing sambikolo lan kulo sakrencang ngaturaken sugeng siam 1430 H. Mbok mbilih meniko ingkang saged kulo aturaken, kirang lakungipun nyuwun agunging samudro pangaksami. Dumateng bapak basuki wedal soho papan kulo sumanggaaken…
Akhirul kalam billahit taufik wal hidayah,  
Wassalamu’alaikum Ww.Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar